Ratu Mahadanta Ahmad Syukur Kocapa ing jaman kuna ana alas gung liwang-liwung, arane yaiku alas Bahuwreksa. Ing alas iku ana wit waringin. Wit waringin kuwi dienggoni kethek sing cacahe ana telung atusan. Kaya dhene manungsa, ing kana dianake tatanan nagara. Mula wit waringin lan panggonan sakubenge kono dijenengake nagara Wanarapraja. Ing nagara iku mesti ana Ratu sing mrentah praja, dadi ing nagara Wanarapraja uga ana Ratu kanggo ngatur uripe para kethek. Ratu kuwi dipilih jalaran saka kapinteran lan sastrane. Ing nagara Wanarapraja sing dadi Ratu yaiku Mahadanta. Mahadanta olehe marentah praja dibantu dening kethek papat, sebutane Juru, yaiku Juru Boga, Juru Baya, Juru Usada lan Juru Susila. Panggaweane Juru Boga kuwi manggedheni kethek kang kuwajibane golek pangan. Yen wis padha oleh pangan banjur diladekake marang Juru Boga. Sing oleh panganan paling akeh dewe Mahadanta, banjur para lurah, bekel lan prabot. Saturahane didum para kethek cilik. Juru Baya kuwi panggawe...