Langsung ke konten utama

Sinopsis Novel Jawa

Ratu Mahadanta
Ahmad Syukur
Kocapa ing jaman kuna ana alas gung liwang-liwung, arane yaiku alas Bahuwreksa. Ing alas iku ana wit waringin. Wit waringin kuwi dienggoni kethek sing cacahe ana telung atusan. Kaya dhene manungsa, ing kana dianake tatanan nagara. Mula wit waringin lan panggonan sakubenge kono dijenengake nagara Wanarapraja. Ing nagara iku mesti ana Ratu sing mrentah praja, dadi ing nagara Wanarapraja uga ana Ratu kanggo ngatur uripe para kethek.  Ratu kuwi dipilih jalaran saka kapinteran lan sastrane. Ing nagara Wanarapraja sing dadi Ratu yaiku Mahadanta. Mahadanta olehe marentah praja dibantu dening kethek papat, sebutane Juru, yaiku Juru Boga, Juru Baya, Juru Usada lan Juru Susila.
Panggaweane Juru Boga kuwi manggedheni kethek kang kuwajibane golek pangan. Yen wis padha oleh pangan banjur diladekake marang Juru Boga. Sing oleh panganan paling akeh dewe Mahadanta, banjur para lurah, bekel lan prabot. Saturahane didum para kethek cilik.
Juru Baya kuwi panggaweane njaga keslametan. Yen ana kethek kerah padha kethek, Juru Baya sing misah lan mutusi prakarane. Yen ana kethek clemer, Juru Baya sing ngukum. Yen ana mungsuh teka, Juru Baya lan prajurite sing nanggulangi.
Juru Usada kuwi panggaweane njaga kuwarasaning para kethek, mriksa lan nambani kethek sing lara.
Panggaweane Juru Susila manggedheni para kethek sing diwajibake mulang muruk ing bab kasusilan utawa tata krama lan kapinteran. Kejaba kuwi, Juru Susila kuwi uga ngurus sawarnaning wulangan bab etung, kalantipan, lumpatan, penekan, milih wowohan lan gegodhongan kang kena dipangan lan sapanunggalane.
Ing sawijining dina Juru Susila pinuju mlaku-mlaku, golek ilham supaya bisa ngajokake kasusilan lan kapinterane para kethek. Nanging, saking ketungkule golek ilham, nganti ora krasa yen lakune wis ngliwati tepis iringing Wanarapraja. Juru Susila banjur kepethuk karo macan kang lagi golek pangan. Ing nalika iku uga Juru Susila digondhol digawa mulih, banjur dipangan karo anak bojone. Amarga wis sawatara suwe Juru Susila ora katon mulih, Mahadanta banjur kongkon caraka panitipriksa utawa badan penyelidik. Ora let suwe caraka panitipriksa weruh tetesan getih ing sacedhaking tapel wates lan nemu bodholan wulu kethek. Sawise bodholan wulu kethek kuwi diambus-ambus tangga teparone Juru Susila wis cetha yen wulu mau wulune Juru Susila. Mahadanta lan caraka panitipriksa banjur wara-wara marang sakabehing kethek. Sawise iku kethek banjur pada nglumpuk ngubengi Ratu Mahadanta karo nangis. Mahadanta banjur sesorah tentang tiwase Juru Susila lan ngilikke marang para kethek yen para kethek iku kudu tetep ngati-ati sanadyan macan iku lelakune ketok apik. Sawise iku para sakabehing kethek banjur dedonga supaya arwahe munggah ing swarga. Tapi ana sawenehing kethek pujine rada nyleneh kaya yaiku dheweke dedonga supaya dipilih dadi Juru Susila, nggenteni Juru Susila kang tiwas kuwi.Ora nggumun yen ana kethek sing dedonga mengkono amarga dadi Juru Susila iku bayarane akeh banget.
Ana uga kethek sing wis rada tuwa, bab kasusilan ora patia mudheng, kapinterane ora sepiraa, etung ya ora pati bisa, apa maneh lelumpatan utawa penekan, pingin dadi Juru Susila. Kethek kuwi jenenge Anastaswara, bojone jenenge Tamomaji. Sanadyan kapinterane rada kurang, nanging saka rumangsane dhewe wis lumayan, malah ing bab panggulawentahing kethek cilik rumangsane pinter banget. Mula kepengin banget dadi Juru Susila.Miturut bojone, Anastaswara kuwi kapinterane ora ana sing madhani. Mula Tamomaji uga kepengin banget bojone kuwi dadi Juru Susila. Tamomaji kandha karo Anastaswara yen arep dadi Juru Susila, Anastaswara kudu kerep sesorah. Sesorah bab apa wae, anggere saben dina sesorah lan sumangate kudu sing ngalad-alad. Kejaba kuwi sesorahe kudu demokratis, dinamis lan necis. Amarga yen ora kerep nywara, angel bisa dadi gedhe. Tamomaji dhewe bakal ngrewangi tirakat. Yen Anastaswara durung dadi Juru Susila, yen mlaku ora arep ngadeg, mbrangkang kaya kethek cilik. Kejaba kuwi dheweke arep tapa nggantung sadina sawengi. Sawise tapa, arep cawe-cawe melu sesorah saben wayah sore, supaya akeh sing ngrungokake. Amarga wayah sore iku mangsane kethek wis padha nglumpuk ana ing wit waringin arep mapan turu. Sing disesorake warna-warna nanging swarane eseg ambegane menggah, menggeh. Tangga teparone sing paturone rada adoh, padha welas karo tangga teparone Anastaswara. Nanging sing padha welas mau ora suwe banjur padha memelas, sabab uga ora bisa turu kebrebegen swarane Tamomaji. Swarane Tamomaji iku mbrebegi kuping. Mahadanta sing paturone ana ing pucak, meksa ora bisa turu. Parahe sing disesorahake Tomomaji iku akeh bab kanyatan kang dicampur karo kasunyatan. Dhasar Tamomaji iku kurang kawruhe. Retine bab kanyatan karo kasunyatan iku padha wae.
Suwe-suwe para kethek padha ngerti sing dikarepake Anastaswara lan bojone iku. Mula para kethek banjur padha nemoni Mahadanta supaya Anastaswara diangkat dadi Juru Susila. Amarga yen ora cepet-cepet diangkat dadi Juru Susila, saben bengi para kethek ora bisa turu amarga krungu sesorahe Anastaswara kang ora leren-leren. Yen Anastaswara wis kesel, bojone genten sing sesorah. Mahadanta ya manthuk-manthuk wae amarga dheweke uga ora bisa turu jalaran kebrebegan sesorah. Sawise kuwi Mahadanta banjur mangsuli para kethek mau yen Anastaswara arep diangkat dadi Juru Susila. Bareng kethek ing Wanarapraja padha krungu yen sing arep didadekake Juru Susila Anastaswara, ana sing ora nrimakake. Kethek-kethek sing ora nrima yen Anastaswara dadi Juru Susila banjur nemoni Mahadanta lan kandha yen ing Wanarapraja iku ora kurang kethek kang luwih pinter lan luwih jembar kawruhe tinimbang karo Anastaswara. Nanging kena ngapa Anastaswara sing arep didadekake Juru Susila? Kethek-kethek mau banjur ngusulake Gunawan utawa Setyawan sing pinter. Mahadanta meneng wae lan tetep arep ngangkat Anastaswara dadi Juru Susila. Sanadyan bener panemune, kethek sing ngusulake Anastaswara supaya dadi Juru Susila iku luwih akeh. Amarga Wanarapraja kuwi negara demokratis ya kepeksa Anastaswara sing dadi Juru Susila. Mahadanta banjur kandha karo kethek-kethek sing ora setuju mau yen Anastaswara iku ora kalah karo sapa wae. Anastaswara kuwi ahli kebatinan, pedhagogi, sosiologi, psikologi lan sapiturute. Dadi ya wes pantes yen dadi Juru Susila. Kethek sing pinter-pinter mengko gampang didadekake andhahane Anastaswara.Dadi Anastaswara sing prenta, kethek sing nindakake. Sawise iku para kethek setuju yen sing dadi Juru Susila Anastaswara, mula dianakake upacara ngangkat Anastaswara dadi Juru Susila. Bener wae, sawise Anastaswara diangkat dadi Juru Susila, Anastaswara lan bojone wis mari olehe padha demen sesorah. Tamomaji uga wis ora tirakat. Yen mlaku wis ora mbrangkang, wis gelem ngadeg kaya salumrahe kethek gedhe. Mulane kaanan Wanarapraja tentrem maneh kaya wingi-uni. Para kethek wis padha bisa ngaso lan turu maneh. Kejaba kuwi, saka dhawuhe Juru Susila Anastaswara kawruhing para kethek cilik wis akeh majune. Anastaswara uga wis ngedegake Pawiyatan Luhur barang. Bageane warna-warna. Ana bagean karuh usada, bagean kawruh tanem tuwuh, bagean ulah raga lan sapanunggale.







Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cara Membuat Cerita Pendek di Google Gemini AI

Masukkan prompt di dalam kotak pertanyaan : "Buat cerita pendek sekumpulan mini teddy" Dan jadi  Selesai

Biografi / Profil

Bio Nama : Citra Riskya Pradana (Citra) TTL : Kab. Semarang, 1 Januari 1999 Domisili : Kota Pekalongan Hobi : - Membaca - Menggambar - Berenang - Bersepeda - Menulis blog Makanan favorit : Olos, cireng, batagor, steak, mie/kwetiau, udon, kebab Minuman favorit : Teh hangat, air putih, coklat hangat, susu  Warna favorit      : Pink, ungu (warna pastel) Tempat favorit    : Pantai Genre Musik favorit : Jazz Anime favorit      : Detective Conan Kota favorit      : Semarang, Pekalongan, Bandung Pendidikan           : - Playgroup Tadika Puri Semarang - TK Batik PPIP Pkl - SDI Kergon 01 Pkl - SMP Salafiyah Pkl  - SMA Negeri 3 Pkl - Universitas Widya Husada Semarang Motto : - “Semangat adalah menelusuri setiap kawasan baru” - “Don’t run away from your destiny” Tambahan : Penyuka hujan

(Cerkak 2) Ting Ting

Hy friends! :) Udah baca cerkak yang pertama? Gimana? Kalo mau bilang wagu juga boleeeeh.. :D Sekarang Citra mau kasih contoh cerkak yang baru lagi nih.. Yuk, langsung aja kita baca! ( ┎ '_' ┒ ) Ting Ting ╮ (^ ▽ ^) ╭ Mbiyen wektu aku SD, aku melu ekstrakurikuler Drumband. Nah, drumband sekolahku kuwi disewa adek kelasku kanggo ngramekke acara sunatane. Wektu kuwi perane aku diganti ustadzku, ora nganggo pianika maneh, tp nganggo belera. Sing nek dinggo muni “ting ting ting” iku lhoo.. Lha kuwi kan aku siji-sijine bocah sing nganggo belera. Tur koncoku loro sing ning jejerku nganggo casio , dadine suara belerane ora krungu. Akhire aku mukul belera kuwi nganggo stick seru banget. Sakwise drumband mlaku akhire tekan ning omahe kuwi, yaiku ing kampung Pesindon. Kampung kuwi ora adoh saka sekolahanku. Ning ngarep omahe kuwi, dipasangi panggung. Dadine kancaku sing dadi mayoret iku kon munggah ing panggung kuwi lan mimpin drumband saka kono. Lha pas kuwi, suara b...