Langsung ke konten utama

(Cerkak 1) Numpak Slarapan

Hy all.. :) Lama nih, aku nggak nge-post.. Kali ini aku mau kasih yang beda. Aku akan berbagi pengalamanku tapi dengan bahasa Jawa :D Ceritaku ini, kalo dalam b. Indonesia disebut cerita pendek (cerpen). Kalo dalam b. Jawa cerita cekak (cerkak). Dan juga ada kata (po'o) khas Pekalongan, haha :D Yuk, langsung aja kita simak liputannya! #eeh:D

ƪ(˘⌣˘)┐ Numpak Slarapan ƪ(˘⌣˘)ʃ

Prastawa iki kedadeyan pas aku kelas 4. Wektu iku aku lan sedulur-sedulurku dijak bulekku liburan ing Water Blaster Semarang. Water Blaster iku wahana air kang apik banget. Ning kolam bagian tengah iku digawe koyo segoro-segoronan, tur ono kapale gedi sing nduwure dinggo nyanyi, ono iwak pause gedi mengko nek ndewe mlaku lan mlebu mono tembuse kolam arus jeram. Trus yo mestine ono slarapane akeh banget, sing mbelak-mbelok lan lurusan tok. Slarapan-slarapan sing ing tengah iku sing paling cilik lan nduwure ono ember tumpahe. Trus ono juga sing duwure sedengan. Trus ono sing duwureeee nemen, ono loro. Sing ke siji warnane Kuning tur numpake ora nganggo ban, lan sing ke loro warnane Biru nganggo ban. Ndelokke be wes wedi saking duwure, tur slarapan sing Kuning iku nganti ketok seko njobo pas aku perjalanan arep mene. Trus yoo wahanane iseh akeh meneh. Aku nganti bingung arep numpak opo sangking akehhe wahanane.Mangklihe aku dijak bulekku numpak slarapan Biru sing duwur kuwi. Asline aku wegah asale aku wedi. Tapi bulekku pingine nemen lan aku dipekso kon ngancani yo wes aku gelem. Ra po po nggo pengalaman. Sak durunge, aku lan bulekku njupuk ban ndisek sing ono ing ngisor. Trus aku munggah karo bulekku. Sak wise ngantri, saiki gilirane bulekku sing numpak. Atiku dadi dag dig dug kiii.. Sak wise ngenteni bulekku tekan tengah slarapan, akhire saiki gilirane aku numpak. Aku siap-siap numpak ban lan gojek’an ban sing kencenge nemen. Trus moro-moro aku disurung mas-mase sing njogo slarapan, aku dadi kaget lan jerat-jerit. Slarapan kuwi mlakune ngebut, asale slarapane dialiri banyu lan aku numpak ban dadine lunyu. Wuuuuuuuuuuiiiiiiih,, suwi-suwi aku dadi ora wedi malahan senengen. Tapi nek pas mbelok aku njerit. Slarapane dowo lan nglewati terowongan barang. Akhire perjalananku numpak slarapan kuwi wis tekan ngisor yaiku kolam renang. banku dadi mlaku dewe ng kolam renang kuwi, sluuuuuuuurrrrr.... asyiiiik. Aku lan bulekku pingin meneh, akhire aku numpak meneh. Nah, pas sg ke loro iki, pas aku tekan ngisor, banku njempalek. Irung lan mripatku nganti pedes. Bar kuwi aku arep njumbul metu seko banyu, eeeh ono wong cina gendut ora sengaja nabrak aku seko mburi akhire aku mlebu meneh nganti gegerku lara lan aku kelebon banyu. Akhire wong kuwi nyuwun pangapunten lan sakwise kuwi aku ora pak numpak slarapan kuwi meneh. Aku pak nyacak sing liyane. Jare bulekku, asale koe nyekele ban ora kenceng si, dadine bane njempalek. Hahahaaa.. aku seneng banget bane njempalek po'o. Iki pengalaman sing ora bisa lan ora bakal aku laliake.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cara Membuat Cerita Pendek di Google Gemini AI

Masukkan prompt di dalam kotak pertanyaan : "Buat cerita pendek sekumpulan mini teddy" Dan jadi  Selesai

Biografi / Profil

Bio Nama : Citra Riskya Pradana (Citra) TTL : Kab. Semarang, 1 Januari 1999 Domisili : Kota Pekalongan Hobi : - Membaca - Menggambar - Berenang - Bersepeda - Menulis blog Makanan favorit : Olos, cireng, batagor, steak, mie/kwetiau, udon, kebab Minuman favorit : Teh hangat, air putih, coklat hangat, susu  Warna favorit      : Pink, ungu (warna pastel) Tempat favorit    : Pantai Genre Musik favorit : Jazz Anime favorit      : Detective Conan Kota favorit      : Semarang, Pekalongan, Bandung Pendidikan           : - Playgroup Tadika Puri Semarang - TK Batik PPIP Pkl - SDI Kergon 01 Pkl - SMP Salafiyah Pkl  - SMA Negeri 3 Pkl - Universitas Widya Husada Semarang Motto : - “Semangat adalah menelusuri setiap kawasan baru” - “Don’t run away from your destiny” Tambahan : Penyuka hujan

(Cerkak 2) Ting Ting

Hy friends! :) Udah baca cerkak yang pertama? Gimana? Kalo mau bilang wagu juga boleeeeh.. :D Sekarang Citra mau kasih contoh cerkak yang baru lagi nih.. Yuk, langsung aja kita baca! ( ┎ '_' ┒ ) Ting Ting ╮ (^ ▽ ^) ╭ Mbiyen wektu aku SD, aku melu ekstrakurikuler Drumband. Nah, drumband sekolahku kuwi disewa adek kelasku kanggo ngramekke acara sunatane. Wektu kuwi perane aku diganti ustadzku, ora nganggo pianika maneh, tp nganggo belera. Sing nek dinggo muni “ting ting ting” iku lhoo.. Lha kuwi kan aku siji-sijine bocah sing nganggo belera. Tur koncoku loro sing ning jejerku nganggo casio , dadine suara belerane ora krungu. Akhire aku mukul belera kuwi nganggo stick seru banget. Sakwise drumband mlaku akhire tekan ning omahe kuwi, yaiku ing kampung Pesindon. Kampung kuwi ora adoh saka sekolahanku. Ning ngarep omahe kuwi, dipasangi panggung. Dadine kancaku sing dadi mayoret iku kon munggah ing panggung kuwi lan mimpin drumband saka kono. Lha pas kuwi, suara b...