Hy friends! :) Udah baca cerkak yang pertama? Gimana? Kalo mau bilang wagu juga boleeeeh.. :D Sekarang Citra mau kasih contoh cerkak yang baru lagi nih.. Yuk, langsung aja kita baca!
(┎ '_' ┒) Ting Ting ╮(^▽^)╭
Mbiyen wektu
aku SD, aku melu ekstrakurikuler Drumband. Nah, drumband sekolahku kuwi disewa
adek kelasku kanggo ngramekke acara sunatane. Wektu kuwi perane aku diganti
ustadzku, ora nganggo pianika maneh, tp nganggo belera. Sing nek dinggo muni “ting
ting ting” iku lhoo.. Lha kuwi kan aku siji-sijine bocah sing nganggo belera.
Tur koncoku loro sing ning jejerku nganggo casio , dadine suara belerane ora
krungu. Akhire aku mukul belera kuwi nganggo stick seru banget. Sakwise
drumband mlaku akhire tekan ning omahe kuwi, yaiku ing kampung Pesindon.
Kampung kuwi ora adoh saka sekolahanku. Ning ngarep omahe kuwi, dipasangi
panggung. Dadine kancaku sing dadi mayoret iku kon munggah ing panggung kuwi
lan mimpin drumband saka kono. Lha pas kuwi, suara belerane ora krungu, padahal
aku wes mentungi seru bgt. Akhire aku mentung-mentung kuwi luwih kenceng sak
kencenge-kencenge. Mangklihe twing.., bunder-bunderre sing ning pucuk stick iku
menculat. Haduh, piye iki? Ing batinku. Aku ya ngguyu dewe lan wedi dewe.
Jejerku sing weruh ya ngguya-ngguyu. Aku ora nyangka, bakal ana kedadeyan kaya kiye.
Ana-ana wae. Bejane ana ustadzku teka, aku langsung ngomong. Trus digantekake
nganggo stick liyane, tapi iseh kepenak sing mau. Ustadz nyuwun pangapurane
nggih.. hahahaaa... XD
Wa, pake bahasa Jawa :D Orang Jawa, ya? Sama dong! :D
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusHihihii iya :D
BalasHapusAku dari kota batik ^^