Langsung ke konten utama

Panganan Tradisional Tahu Petis



Sejarah Tahu Petis
Tahu petis yaiku panganan tradisional sing asale saka kota Semarang sing arupa tahu kang digoreng lan dipangan nganggo petis. Petis yaiku saos sing nduweni kelir ireng kentel sing biasane digawe saka urang. Saos dioles utawa disisipke ing tengah-tengahe tahu. Tahu kayadene tahu pong yaiku nganggo tahu putih ning rasane ora asin. Tahu putih digoreng nganti rada coklat ora dibumbui utawa dibumbui nganggo larutan uyah lan brambang putih. Dene petise nduweni rasa kang legi lan radha sethithik asin. Supaya nggugah selera tahu petis biasane dipangan nganggo lombok rawit.
Sanajan nduweni rasa kang eca lan terkenal, sejarah panemuan tahu petis durung diketahui saingga akeh wong sing ngarani kisah panemuan tahu petis iku gelap kayadene kelire petis, yaiku ireng.
Nanging ana sing ngemukaake yen petis iku pertama kali digawe ing sekitar abad VII. Sing nggawe petis yaiku para nelayan utawa para warga liyane kang urip ing daerah pesisir Pulau Jawa ing bagian utara.
Panemuan petis iku dhewe merupakan kedadeyan kang ora disengaja. Awale para nelayan oleh tangakapn iwak kang akeh banget saingga bisa ngebaki perahu kasebut. Tangkapan kasebut isine macem-macem kewan laut salah sijine urang. Para nelayan iku seneng ning para nelayan dadi bingung, asale wektu kuwi durung ana sistem kang apik kanggo nyimpen utawa ngawetke pakolehe tangkapan mau. Saka kene muncul pira-pira ide cara ngawetke urang nganggo cara kang beda. Amarga yen iwak bisa diawetke nganggo uyah, urang ora bisa nganggoni cara kaya iwak. Sakwise kuwi para nelayan nyacak nggawe olahan liya nganggo cara nyampur urang lan bahan-bahan liyane. Saka kene ditemokake resep petis kang rasane eca kuwi.

Cara Gawe Tahu Petis
Siapke bahan-bahan, banjur gawe tahu petis nganggo langkah-langkah sing ana ing ngisor.
Bahan I :
  • 1½ sendhok pangan petis urang.

  • 2 sendhok pangan kecap legi.
  • 50 gram gula aren.
  • 300 ml banyu.
  • 3 sendhok pangan glepung beras, banjur dilarutke.
  • 3 siung brambang putih, banjur dialuske.
  • 2 sendhok pangan lenga goreng.

  • 1 sendhok teh uyah.
Bahan II :
  • 15 tahu ukuran gedhi.

  • 20 lombok rawit abang.

  • 2 sendhok pangan brambang goreng.


Langkah Gawe Tahu Petis :

  1. Goreng tahu nganti mateng, singkirke.

  1. Gangsa brambang putih nganti arum.

  1. Banjur lebokke petis lan uyah, masak nganti wangi.

  1. Tambahke banyu lan kabeh bahan pertama, kajaba glepung beras.

  1. Masak nganti umub.

  1. Lebokke glepung beras, diudek nganti rata, lan masak nganti kentel.

  1. Belah tahu ing bagian tengah aja nganti tahu tugel.

  1. Olesi nganggo petis sakcukupe.

  1. Cawiske nganggo lombok rawit lan brambang goreng.


Wujud


Tahu petis wujude kaya tahu-tahu ingkang umume yaiku kotak, nalika sing mbedakake yaiku petis kang ana ing jeroning tahu kuwi sing awujud saos kang kelire ireng.

Kandungan lan Manfaat Tahu Petis
Tahu
1.      Ngendalikke abote awak
Kandungan nutrisi ing sajroning tahu bisa mudhunke kadar kolesterol lan uga ngelindungi pembuluh darah saka efek ala kolesterol.
2.      Apik dikonsumsi kanggo wong wedok kang arep menopause
Nutrisi kang terkandung ing jeroning tahu apik dikonsumsi wong wedok kang arep menopause, sebab ana kandungan isoflavon kang bisa ngredam efek ala saka ora seimbange hormon estrogen ing jeroning awak.
3.      Mudhunke resiko kanker
Kandungan selenium ing sajroning tahu bisa ngelindungi awak saka radikal bebas lan uga bisa mudhunke resiko kena kanker usus besar.
4.      Apik kanggo kawarasan lulang
Kandungan mineral, vitamin lan protein ingkang ana ing jeroning tahu bisa njaga kawarasan lulang saingga bisa  terhindar saka penuaan dini.
5.      Ndadekake getih luwih waras

Petis


Miturut asil penelitian saben 100 gram petis ngandung energi yaiku sagedhe 345 kilokalori. Sakliyane iku tahu petis uga ngandung protesin sagedhe 23,8 gram, nuli lemak sagedhe 1,4 gram lan protein sagedhe 23,8 gram mawa karbohidrat sagedhe 59,3 gram.
Vitamin kang terkandung sajroning tahu petis yaiku ing jumlah kang podo tiap 100 gram petis ngandung vitamin A sagedhe 6 IU lan vitamin B1 saabot 1,02 miligram. Sakliyane kuwi petis uga nduweni kandungan gizi liya, kayata kalsium saabot 221 miligram, zat besi saabot 3,8 miligram mawa fosfor kang gedhene yaiku 397 miligram.
Ning eman-eman sanajan nduweni kandungan gizi kang lengkap banget ning tekan saiki durung ana penelitian liyane kang tujuane kanggo meruhi kasiat lan manfaat petis kanggo kawarasan awak. Masalah iki tau dikemukaake Departemen Kesehatan Republik Indonesia lan pirang-pirang sumber liyane.
Yen wong utawa pihak kang ngadakke penelitian liyane kang ngemu masalah gizi utawa kandungan vitamin kang ana ing sajroning petis, durung mesti pakolehe podo. Sebab pakolehe penelitian tahu petis uga dipengaruhi faktor-faktor kayadene kualitas bahan utawa urang kang digunakake kanggo gawe petis, sistem kanggo ngolah petis, suhu udara lan cuaca ing anggone gawe petis iku lan sapanunggale. Ning kandungan ing nduwur bisa didadekke bahan referensi. 




Thanks to :
www.anneahira.com
http://id.resepmasaktradisional.com/

Maaf jika ada kesalahan, baik dalam kosakata bahasa maupun penuturan kata. Kritik dan saran saya harapkan dari para pembaca. Semoga bermanfaat dan membantu. Terimakasih :)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cara Membuat Cerita Pendek di Google Gemini AI

Masukkan prompt di dalam kotak pertanyaan : "Buat cerita pendek sekumpulan mini teddy" Dan jadi  Selesai

Biografi / Profil

Bio Nama : Citra Riskya Pradana (Citra) TTL : Kab. Semarang, 1 Januari 1999 Domisili : Kota Pekalongan Hobi : - Membaca - Menggambar - Berenang - Bersepeda - Menulis blog Makanan favorit : Olos, cireng, batagor, steak, mie/kwetiau, udon, kebab Minuman favorit : Teh hangat, air putih, coklat hangat, susu  Warna favorit      : Pink, ungu (warna pastel) Tempat favorit    : Pantai Genre Musik favorit : Jazz Anime favorit      : Detective Conan Kota favorit      : Semarang, Pekalongan, Bandung Pendidikan           : - Playgroup Tadika Puri Semarang - TK Batik PPIP Pkl - SDI Kergon 01 Pkl - SMP Salafiyah Pkl  - SMA Negeri 3 Pkl - Universitas Widya Husada Semarang Motto : - “Semangat adalah menelusuri setiap kawasan baru” - “Don’t run away from your destiny” Tambahan : Penyuka hujan

(Cerkak 2) Ting Ting

Hy friends! :) Udah baca cerkak yang pertama? Gimana? Kalo mau bilang wagu juga boleeeeh.. :D Sekarang Citra mau kasih contoh cerkak yang baru lagi nih.. Yuk, langsung aja kita baca! ( ┎ '_' ┒ ) Ting Ting ╮ (^ ▽ ^) ╭ Mbiyen wektu aku SD, aku melu ekstrakurikuler Drumband. Nah, drumband sekolahku kuwi disewa adek kelasku kanggo ngramekke acara sunatane. Wektu kuwi perane aku diganti ustadzku, ora nganggo pianika maneh, tp nganggo belera. Sing nek dinggo muni “ting ting ting” iku lhoo.. Lha kuwi kan aku siji-sijine bocah sing nganggo belera. Tur koncoku loro sing ning jejerku nganggo casio , dadine suara belerane ora krungu. Akhire aku mukul belera kuwi nganggo stick seru banget. Sakwise drumband mlaku akhire tekan ning omahe kuwi, yaiku ing kampung Pesindon. Kampung kuwi ora adoh saka sekolahanku. Ning ngarep omahe kuwi, dipasangi panggung. Dadine kancaku sing dadi mayoret iku kon munggah ing panggung kuwi lan mimpin drumband saka kono. Lha pas kuwi, suara b...